Cari Blog Ini

Memuat...

Selasa, 06 Maret 2012

HASTA BRATA

Marsudi Mardawaning Laku Jantraning Jagad Sakisine

Wong dadi temanten kuwi prasasat kaya rikala winisudha dadi raja sedina
ngalami lenggah jejer karo si garwa sigarane nyawa nglenggahi dhampar
dhenta pinalipit ing retna kinebutan lare badhak kanan kering dening patah sakembaran.


Sakarone pinaringan sangsangan puspa rinonce kang acarup sangsangan
naga karongrong, tumekeng jaja nganti pamidhangan, yen cinandra kaya taksaka ganda laya disekseni para pinisepuh, para wandu-wandawa sarta para tamu kakung putri ing madyaning sasana pawiwahan.


Supaya panganten mau bisa lestari ngasta pusaraning bebrayan kudu
nduweni gegebengan sarta paugeran kang gumathok, mangkono mungguh
jejering bebrayan. Gegebengan mau kang aran HASTA BRATA, kaya
katrangan ing ngisor iki:


1. Mulat Laku Jantraning Bantala:
Yen bantal kuwi tegese piranti kanggo turu. Nanging bantala kuwi tegese
bumi. Kembang mawar ganda arum angambar-ngambar. Wong kang sabar
penggalihe mesti jembar. Wewateke bumi iku sabar, sanadyan dipulasara,
dipaculi, didhudhuki, dipestisida, lsp. nanging ora nduweni pangresula, ora sambatan, malah nudhuhake kabecikane kanthi nuwuhake thethukulan,palawija, palapendhem, tetaneman, sarta barang-barang pelikan kang pinangka dadi kas kayane kang padha mulasara.


2. Mulat Laku Jantraning Surya:
Dene wewatekane surya utawa srengenge iku tansah paring pepadhang
sarta aweh panguripan marang sadhengah tetuwuhan lan sato kewan lan
sakabehing barang ing alam donya kang urip lan tansah mbutuhake cahya.



3. Mulat Laku Jantraning Kartika:
Kartika utawa lintang wewatekane tansah tanggon tangguh, sanadyan
katempuh ing angin prahara sindhung riwut nanging ora obah lan ora
gingsir', tegese tangguh lan puguh, ora bakal mundur sajangkah.

4. Mulat Laku Jantraning Candra:
Candra sing iki tegese rembulan, wewatekane uga aweh pepadhang marang sapa bae kang lagi nandhang pepetenge budi, sarta aweh pangaribawa
katentreman lan ora kemrungsung. Witing klapa salugune wong Jawa,
dhasar nyata laku kang prasaja.


5. Mulat Laku Jantraning Samodra:
Samodra utawa segara iku bisa madhahi apa bae kang kanjog. Sanadyan
ana sampah industri lan rumah tangga, bangke asu apa bangke wong
kabeh ditampa tanpa nganggo ngresula lan serik. Mila keparenga
Mastani nyuwun sih samodraning pangaksami manawi wonten klenta-
klentunipun anggenipun wawan rembag ing riki.


6. Mulat Laku Jantraning Tirta:
Wewatekane tirta utawa banyu tansah andhap asor. Tansah ngupadi
panggonan kang endhek, mungguh patrap diarani lembah manah lan
andhap asor. Kaya katrangan ing ndhuwur mau,

7. Mulat Laku Jantraning Maruta:



Maruta uga diarani angin. Wewatekane tansah nalusup ing ngendi
panggonan kaya telik sandi, ing papan kang rumpil sarta angel klebu,
nanging kabeh tetep ditlusuri ora ana kang kari. Mungguh tumrap lelabuhan, kepingin nyumurubi papan ngendi bae kang bisa diambah.


8. Mulat Laku Jantraning Agni :
Geni iku wewatekane bakal nglebur apa bae kang katon. Mungguhing
tumrap laku bakal mbrastha apa bae kang dadi pepalang, ora nggubris
babarpisan bakal anane. Hayo apa kang ora bakal lebur
dening panase geni?


Bekti iku tegese panembah. Werdhine panembah tumanduking patrap kang
jumurung marang santosaning jiwa, ati, rasa, lan budi pakerti, ora liya ya
lajering rasa manteb lan jejeg netepi kuwajibane. Pangerten Hasta Brata iki
kang nuwuhake rasa nyawiji, jumbuhake rasa karsa lan cipta kang bakal
hanjog marang wujuding karya.


Gumolonging patrap wolung prakara mau bakal nuwuhake sikep madhep
manteb lan jejeg netebi dhawuhing Gusti Kang Akarya Jagad sarta ngedohi
kabeh pepacuhe, tansah eling lan bisa nglarasake tumindhak karo medale
pangucap, angleluri watak sabar marang sakabehing pacoban kang tumiba,
ora kepranan marang sakebehing gugon tuhon utawa anut grubyug, resik
ing panyana, sepi ing pangira ala sarta lumuh ngupadi alaning liyan, lega
lan narima dhumawahing pandum kanthi ora nglirwakake sengkuting
pambudidaya.

Iya sikap mangkono mau kang bisa hambuka olah kridhaning rasa eling bisa
lelumban ing tatanan pasrah tanpa sumendhe marang resiking nalar lan
pamikir. Kanggo ngawekani laku supaya jumbuh karo gegayuhan sarta
nuwuhake katentreman lan karahayon, padha bisoa nindhakake patrap
liyane kang banget bisa hambiyantu nuwuhake larase bebrayan agung.
Mangkono mau mungguh tuladha Hasta Brata kang pinangka piyandel sarta
gegebengane Prabu Rama Wijaya kanggo ngasta pusaraning praja ing
nagara Ayodya Pala.