Cari Blog Ini

Cari Blog Ini

Selasa, 24 Oktober 2017

MBAH PAIDI MARINGI SANEPAN



Mbah Paidi : "Mung cukup sakmono, Le? "
Ujug-ujug mbah Paidi methungul saka sisih mburiku langsung nguwehi pitakonan kuwi mau. Aku lagi enak-enak nyruput rong sruputan wedang kopine mbok Ngatiyem.

Aku : "Eh, Mbah Paidi. Napane, Mbah? " pitakonku amarga bingung karo pitakonane mbah Paidi.

Mbah Paidi : "Yo pikiren dhewe!" Jawabe mbah Paidi cekak aos.
Aku sik bingung maknani pitakone mbah Paidi kuwi mau. Mula aku njur meneng wae karo mikir nengdi jluntrunge pitakone mbah Paidi iki. Aku meneng, mbah Paidi yo meneng. Malah mbah Paidi katon nikmati tiap sedhotane rokok tengwe gawenane dhewe. Karo pisan-pisan, mbah Paidi nyruput wedang kopi klethise mbok Ngatiyem.
 Aku lan mbah Paidi yen ngombe wedang kopi ora tau neng njero warung, mesthi njupuk sisih njaba warung sing latare uombo banget. Kepara malah rada ngadoh karo warunge mbak Ngatiyem sinambi nunut Wi-Fi gratis sing disediakne mbok Ngatiyem.

Mbah Paidi : "Apa wis trima mung nduweni sir-siran to, Le?  Apa ora sir rabi? "

Aku tansaya bingung karo pitakonane mbah Paidi sik tas iki mau. Mangkane aku tetep meneng dhipet, ora sumaur.

Mbah Paidi : "Ing padatan, wong yen wis anduweni sir-siran iku, kemaremane kalamun isa apel utawa lagi ndewe sakloron. Yen wis ndewe, karepe ora gelem diganggu liyan. Apa wae iku rupane."

Aku tetep isih bingung, nengdi arahe dhawuhe mbah Paidi. Wong aku wis anak bojo kok sik diarani sir-siran. Aku Isih panggah mingkem tansaya dipet. Tak pikir mbah paidi kumat ndleminge.

Mbah Paidi : "Isa opal-apel kanthi trep ngono kuwi wis rumangsa bungah, wis rumangsa cukup?  Yen senengmu tenanan, mesthine durung cukup, Le. Mestine yo butuh lamaran, butuh ijaban, butuh temu manten, butuh mlebu kamare temanten. Lak yo ngono to, Le? "

Aku isik panggah bingung karo dhawuhe mbah Paidi iki. Iki mbah Paidi lagi alok marang pribadiku apa lagi bener-bener ndhawuhi aku ? Aku sansaya enggak paham bab e?
Kanggo ngimbangi jagongan wae, aku njur njawab "nggih, Mbah" ngono wae ben ketok yen aku nyahut karo dhawuhe mbah Paidi.

Mbah Paidi : "Hla yen wis ijab sah, wis temu manten, apa wis rumangsa cukup? Ora butuh liyane maneh kowe?  Ora butuh luwih cedhak maneh marang kekasihmu?  Ora butuh ucul busana, ora butuh uda?  Apa wis cukup nyanding ngagem busana kebesarane manten rikala dilungguhne kuwadhe? Kudune sak kabehe busana, ageman sing isik kumanthil ana badan, dicopot. Uda blejed. Wis ora usah nggawe ageman donya apa wae. Kudune lak yo apa anane. Polos,  ora katutan ageman donya apa wae. Apa ora ngono to, Le?  Wong wis sakloron karo kekasihe sing wis sah kok isik ngagem ageman donya. Lak yo kudu dicopot to, Le? "

Aku : "Enggih, Mbah! "
Sithik-sithik aku mulai pahan arah dhawuhe mbah Paidi.

Mbah Paidi : "Hla yen kowe wis uda,  apa ora pengin ngerti rasane nyawiji karo kekasih resmi sing wis diijabne kuwi mau ? Ngilangi pikiran donya apa wae. Wis ora kelingan bapak,  ora kelingan anak, ora kelingan kanca, ora kelingan jabatan, ora kelingan penggawean, wis ora kelingan apa-apa. Sing ana mung sliramu karo bojomu kuwi mau. Bahkan yen wis teka pucuke rasa, kowe malah ora kelingan apa-apa. Apa kowe kuwi lanang utawa wadon. Wis ora krasa weruh.  Sliiramu wis ilang mbuh pirang detik iku. Po ra ngono to, Le?
Dadi kowe kuwi sik uadooooh,Le sangka hakikate wong sing anduweni kekasih. Saka hakikate manembah marang Gusti Allah. Aja gampang rumangsa cukup, Le. Dupeh wis kulina mora-mara rutin ngono wae wis rumangsa cedhak karo kekasihmu. Rumangsa disayang kekasihmu. Durung mesti, Le. Duruuuu.. ung. Sik uadoooh karo papan tujuan sing ana ngarepmu. Aja rumangsa wis cedhak, tapi cedhakna maneh rumangsamu dimen isa ngrasakne kanthi temen apa hakikate RABI. Sanepane saka tembung ROBi iku. Syahadate loro kudu atunggal tan kena pinisahaken. Tan kena dhewe-dhewe.
Wis ngono wae, tafakurana omonganku iki mau. Aja rumangsa wis teka panembahmu. Sik adoh, Le. Sik kadohan. "

Mbah Paidi ngloyor ngalih. Aku sik meneng nafakuri dhawuh-dhawuhe mbah Paidi kuwi mau. Aku mulai dhong yen sing didhawuhne mbah Paidi mau sanepan bab ngadhep marang Allah.
Ing batinku, aku ngoreksi lakune batinku dhewe sak suwene aku urip iki. Tibane sik kadohan aku saka tembung kafah. Sik kadohen aku saka tembung insan kamil. Hmm... Aduooooh. Duh Gusti nyuwun pitedah saha kekuatan kagem nglampahi margi-margi ingkang Leres kagem sowan Panjenengan.

Ora krasa neng pipiku ana banyu anget kang tumetes saka mripatku.
Ing batin aku mung iso syukuuur kanthi jerune manah marang Allah, dene Allah isih kersa ngutus priyantun kanggo ngajak aku marang 'dalane' Allah kang hakiki.
Alhamdulillah ya, Allah. Alhamdulillah.


Okt 2017

Minggu, 15 Oktober 2017

KETEMU MBAH PAIDI MANEH


Alhamdulillah suuwii nggak ketemu Mbah Paidi, dina iki, sasi sura iki ujug-ujug Mbah Paidi methungul neng ngarepku.
Kaya adat biasane, Mbah Paidi mung mesam-mesem karo semu "nggeguyu" aku. Aku wis apal. Wis biasa. Kepara malah seneng aku yen didukani Mbah Paidi. Mesthi krenah iki engko ujung -ujunge. Tak cadhong wae.

Aku  : "Dangu mboten ketawis, Mbah? " pitakonku semu basa-basi.

Mbah Paidi : "Hemmm... " kaya adat abenne, Mbah Paidi mung  njawab sakenane.
Mbah Paidi nyedhaki aku karo nyangking gelas kopi plus lepeke pisan sinambi ngemut lintingan mbako sing gedhene sak jempolan sikil.
Wengi iki,  warung kopine mbok Ngatiyem ora rame. Mungkin padha tirakatan neng omahe dhewe-dhewe, sajroning sasi sura iki.
Aku : _"Dos pundi pawartosipun, Mbah? "_

Mbah Paidi : _"Apik wae. Piye kabarmu?_

Aku : _"Sae ugi, Mbah. Dangu mboten ketingal dhateng pundi kemawon? "_

Mbah Paidi : _"Sajak bingung ngono, Le. Mikir apa? "_
(Mbah Paidi ora njawab pitakonku, malah langsung mbedhek aku.)

Aku : _"He. He.. He Enggih, Mbah. Mboten sanget-sanget. Tapi kadhang dados rubedane manah kaliyan pikir. "_

Mbah Paidi : _"Apa ta, masalah apa? "_
Aku meneng sedhela banjur matur sakwise ngunjal ambegan dawa.

Aku : _"Niki lo, Mbah. Kula niki kan asring ndugeni pengajian. Nggih asring ningali youtube ingkang nyiaraken pengajian. Trus para kyai kok sami tudhuh-tudhuhan ngagem dhasar Quran Hadist. Sami-sami leresipun. Sami-sami cocok dhasaripun. Kula bingung, trus ingkang hak menurut Allah niku ingkang pundi. Hla wong sami-sami ndasaripun? "_

Mbah Paidi : _"He.. he... hee.. "_
(Mbah paidi malah nggoujeng. chethe sing ana tutuke nganti nyemprot.) _"Iki wis jaman akhir, Le. Iki wis jamane uwong adol dalil. Pinter-pinteran. Menang-menangan.  Akeh-akehan umat. Lan sak piturute. Ojo kaget. Ojo sumelang. Antepna atimu, jiwamu,  rasamu. Suwungna angen-angenmu. Padhangna ati lan pikirmu. Aja melu-melu grubyuk katut wong dodolan jamu. Antengna pangrasamu"._

Karo dhawuh sing terakhir iki mau mbah Paidi nduding, ndemok, dhadhaku.

Aku : _"Yektosipun dos pundi to,  Mbah?._ Pitakonku kanggo ngyakinake.

Mbah Paidi : _"Hmmm.. Bodho banget sliramu sak iki, Le. Apa wis kena pengaruhe bakul jamu, ahli kitab, tukang maca kitab kae sing tukang adol jare. Ha.. ha.. ha...._ (Mbah Paidi nggujeng karo setengah sinis) Aku mung meneng wae, ethok-ethok ora nyawang.
_"Leee.. Le, ditinggal diluk wae kok wis goreh atimu. Mayang mentoleh kiblatmu. Dadi uwong iku sing kukuh, Le! Aja kepincut tembung kana, tembung kene. Mantebna uripmu marang sing gawe urip. Panutane dhewe, Nabi Muhammad Rasulullah iku mung paring dhawuh, yen sholat delengen kaya anggenku sholat. Ngibadaha kaya apa sing mok ruhi anggonku ngibadah. Allah iku ngepenakne umate, ora pengin nge ngel nge ngel. Sik mok pahami saka Rosulullah iku apane?  Elonana, tut na! "_
(aku sansaya meneng karo ndingkluk. Ora Nyawang Mbah Paidi blas. Ora wani. Mbuh nyapo. Dhawuh-dhawuhe wae sing tak mat ne, tak gatekne. )
_"Yen saka ragane, elonana ragane. Ngagem jubah, ngingu jenggot, jubah cingkrang, rambut dawa,  lan sapiturute. Iku yen isamu ngetutne ragane. Yen isamu ngetutne sifate, tut na sifate. Welas asih, sabar,  asih marang kabeh mahluk, tlaten, nrimo ing pandum lan sak piturute. Yen isamu ngetutne pikire, ya tut na pikirane. Teliti, cerdas,  cerdik, tukang tafakur lan sak piturute. Yen isamu ngetutne jiwane, ya tutna jiwane.  Pasrah marang Allah, manut perintahe Allah,  tansah ngadepne jiwane, sujud marang Allah lan sak piturute. Aja nggege-nggege, ngangsa-ngangsa pengin plek,  persis kaya Rosulullah. Pangkatmu ki apa?  Apa nutut. Apa nyandhak?  Ora bakalan, Le. Hla wong Rosulullah iku manungsa pilihan. Kinasihe Gusti Allah. Kok arep mok tiru plek. Hemmm kadohan, Le. Nyembah angen-angenmu dhewe iku kedadeane. Paham??? "_
Mak jenggirat aku oleh pitakon Mbah Paidi terakhir iki.

Aku : _"Ehm.. Ehm.. Insya Allah,  Mbah"._

Mbah Paidi : _"Wis yen wis paham. Aku tak nerusne lakonku. Aja melu-melu paido-paidoan. Aja melu-melu ngeblok-ngeblokan. Melua Allah thok wae. Rungokna ati nuranimu. Cocokna karo dalil kang ana. Lamun ora dilarang, lakonana kanti BISMILLAH. Kanthi 'bismillah' lo le yo. Dudu mung maca lafadz bismillah. Antepna jiwamu, pasrahna rasamu, gumantungna pengarep-arepmu mung marang Allah. Allahu SHOMAD. wis, Assalamualaikum._

Aku : _"Waalaikum salam warohmatullahi wabarokaruh."_ jawabku rada telat amarga semu kamitenggengen. Ruh-ruh Mbah Paidi wis mlebu warunge Mbok Ngatiyem. Mbayar 2000. Kopi sak gelas. Aku getun, nyapoo enggak tak bayari kopine mau. Alah mbuh wis. Aku tak pindah neng masjid kango ngrenungake apa dhawuhe Mbah Paidi iki mau.

Jumat, 13 Oktober 2017

MBAH PAIDI MARAI MBLIYENG

Metu sholat isyak saka masjid, mbah Paidi wis lenggah neng emperan masjid sisih kidul cedhak karo gantungan bedhuk lan kenthongan. Karo noleh aku kang lagi metu saka masjid, mbah Paidi mirsani aku lan ngawe aku. Aku nyedhak lan lungguh neng clondakan trap ngisore mbah Paidi.

Aku : "Wonten dhawuh menapa, Mbah? "

Mbah Paidi : "Ora ana apa-apa, mung arep takon, piye sing winginane paham apa durung. Tak gatekne pirang-pirang dina iki pikiranmu kok durung padhang.

Aku : "Insya Allah sampun, Mbah."

Mbah Paidi : "Kok isik peteng pikiranmu?"

Aku : "Enggih, Mbah. Wonten bab lintune".

Mbah Paidi : "Bab apa maneh ..? "

Aku : "Niku lo mbah, teng youtube kok sering tiyang-tiyang niku ngucap kafir lan bid'ah. Napa to sejatosing kafir niku?"

Mbah Paidi : "Bab ngono wae digagas.? "
Mbah Paidi meneng sedhela karo ngakep lintingane. Banjur nerusne pangandikane. "Kafir iku unsure ukara ana telu kaf fa' lan ra. Ka fa ra. Madsude 'ketutup'. Apa sing ketutup? Kesadarane."

Aku : "Kok ngaten, Mbah? "

Mbah Paidi : "Iyo. Sik eling dhawuhe Allah sing unine ngene iki "Sak umpama ora karana Muhammad, mangka ora bakal tak ciptakne bumi lan langit sak isine" ?

Aku : "Enggih,  Mbah"

Mbah Paidi : "Nah kamangka bumi sak isine iku cinipta dhening Allah karana Allah wis nyipta Muhammad. Hlo trus kok enggak gelem ngakoni Muhammad. Apa iku jeneng ora ketutup kesadarane? Hla ketutup iku lo sing dimaksud ka fa ra. Kafir. Kaya sanepane, yen sliramu ora gelem ngakoni yen Bu Mukidah Bojone pak Pawira Ikhsan iku ibumu. Piye jal? Padahal tangga-tanggamu padha crito yen Bu Mukidah iku ibumu. Padahal akte kelahiran lan cathetan neng desa,  uga katulis yen Bu Mukidah iku uga ibumu. Njur sliramu ora gelem ngakoni, kanthi dalih, amarga kowe ora weruh bukti nyatane kanthi mripatmu dhewe lan amarga cumpenne ngilmumu. Alasan liyone amarga kowe ora weruh dhewe metumu saka kandutane ibumu. Alasanmu iku lak mung critane tangga teparo, dulur, catetan akte, lan liyo-liyane thok.  Sing ngono iku berarti sliramu lagi nandhang peteng, Le. Lagi ketutup ati lan kesadaranmu, tentang ibumu, alias kafir bab ibu kandhungmu . Apa yen sliramu ora gelem ngakoni yen bu Mukidah iku ibumu, njur sing lara ati mung ibumu?  Ora, Le!!  Atine bapakmu yo lara. Atine mbakmu, masmu, adimu, lan dulur-dulurmu kabeh uga cuwa.  Njur wong liya, ngarani yen kowe kuwi anak durhaka. Sakmono uga, yen ana uwong ora gelem ngakoni utawa nyekseni kanthi ati sing temen,  yen Muhammad  iku utusane Allah. Ora mung Muhammad kang gelo tapi uga Allah lan para kinasihe Allah. Amarga kukuh anggene nutup kesadharane, nganggep yen peteng iku bener,  kaya petenge wengi. Padhahal peteng amarga lawang lan cendhela kamare ditutup rapet. Ora gelem mbukak. Arabe iku karan kafir utawa ketutup. Njur panggawe sing apik sing katumindakne, banjur kekiwa dhening Allah. Amarga ora percaya dhawuhe Allah. Ora ngandel. Golek panemu dhewe. Sing rumangsane bener, ning sejatine ora disenengi dhening Allah. Kaya mangkono mau banjur sliramu, kukuh ngaku yen sliramu iki anake mbok Tun, kanthi alasan-alasan sing mok anggep masuk akal, sing menurutmu ana buktine, amarga mulai cilik sing momong, sing nggendongi, sing ndulangi sliramu iku, mbok Tun. Lak keblinger to kowe kuwi yen ngono iku? Mesakne, Le wong sing sik ketutup ngono kuwi."

Aku : "Enggih, Mbah. (aku meneng rada suwe ngayati apa dhawuhe Mbah Paidi. Ngothak-ngathik tapi panggah isih bingung. Urung dhong.) "Hla trus dununge ibadah niku dos pundi, Mbah? "

Mbah Paidi : "Bingung maneee.... h kowe ?? "

Aku : "Namung pengin ngyakinaken pemanggih kawula, Mbah. Leres punapa lepat."

Mbah Paidi : "Ngibadah iku, sak jane urusane ati. Urusane kesadharan ruhani. Dudu urusane raga. Kudu mok sadhari tenan yen Sing Maha Suci, sak kabehing puji, lan kabeh panggawe iku sejatine mung kagungane Allah. Ora ana daya lan kekuatan neng alam gumelar iki sing dumadi kejaba saka kersa lan kekuatane Allah. Yen, minimal, iku wis mok sadhari, mangka panggawemu iku kalebu ngibadah."

Aku : "Yektosipun kados pundi. Kula tambah bingung ? "

Mbah Paidi : "Yen sliramu sholat, pasa, sedekah, paweweh, tetulung, lan liyo-liyone, aja pisan-pisan atimu nganti ngakoni yen iku panggawemu. Dudu, Le. Ora ana kekuatan apa wae kang gumelar ing alam iki kejaba amung kagungane lan amung sangka Allah. Panggawe sing mok lakoni iku, kudune mok sadhari yen iku mau panggawene Allah. Kowe iku mung dipacaki, digawe tampil Allah. Kudune atimu banjur mbanterake rasa syukur marang Allah, dene sik diobahne, sik  dimusikne neng bab lakon kaelokan, neng bab kang apik. Panggawe sing mok sadhari yen iku 'panggawene' Allah ikulah sing diarani ngibadah. Yen panggawene Allah sing ditampilne lewat sliramu iku mok aku, iku karan wong ngaku-ngaku. Mangka panggawe ngono kuwi dadi kelebon penyakit ati sing diarani ujub, riya', takabur, sombong lan sapinunggalane. Sombong kathik sombong marang Allah. Kobong, Le ngamal sing dipercayakne marang sliramu kuwi. Amarga ngaku-ngaku lan ngrebut "tumindak-E Allah" dadi mok aku yen iku tumindakmu"

Aku : "Hla sing ditampili panggawe ala, trus kados pundi,  Mbah? "

Mbah Paidi ora langsung njawab. Meneng rada suwi.
Mbah Paidi : "Yen sing ditampilne marang makhluk iku panggawe, sing menurut ukurane manungsa lan hukum agama, iku panggawe ala utawa elek, mangka sejatine wong iku dhening Allah arep dikenalne Allah marang sifate Allah Al Ghofur. Allah iku Maha Pangapura. Manungsa iku panggonaning luput. Ning tumindake kang ala iku amarga ora disengaja kelawan nafsune utawa ora ngerti yen iku tumindak kang ala. Eling-elingen sejarahe Njeng Sunan Kalijaga, Umar bin Khatab, lan liyo-liyane. Kabeh manungsa sing tahu urip neng alam donya iku mesti kanggonan luput. Ning aja njarag arep tumindak luput. Allah iku Maha Pangapura, Le. Mangka wong sing ketempelan panggawe ala iku, kudune banjur deple-deple atine marang Allah. Neng pelawangane Al Ghofur. Nyuwun pangapura. Kelawan nyadhari tenan yen Allah iku Maha Pangapura. Allah iku Maha Kuasa.  Aja njur nafsumu malah nantang panggawe ala lan banjur tumindak ala. Iku jenenge, atine nantang Allah. Hla ngono iku, karan wong sing cilaka uripe. Sik aku tak mulih dhisik,  Le. Lali aku mau yen aku diundang pak Kades kon mijeti awake. Jare rada keju kabeh sak kisuk mau. Sik yo, le."

Aku : " Nggih, Mbah.  Suwun dhawuh-dhawuhe."
Yo ngono iku mbah Paidi. Lunga mulih sak dhet sak nyet. Sak karepe dhewe. Malah jarang uluk salam "Asalamu alaikum". Yo ngono kuwi.  Wong-wong padha maklum wisan marang Mbah Paidi. Aku malah tansaya mumet. Alah embuh...
Mbliyeng sirahku..

ALLAH YANG UTAMA

Aku : " Mbaaaaah..! "

Mbah Paidi liwat ngarep omah karo nuntun sepeda unta lanang sing rupane wis coklat amarga lawase. Wis ora ana warna cate maneh, ning dudu teyengen. Sandalan jepit biru sing wis rada trepes. Klambi takwo biru mangkak sing bolong kana kene amarga kecipratan pletikane rokok tengwe ( lintingan dhewe). Mbah Paidi noleh njur ngenggoake sepedah untane mlebu gawangan omahku.

Aku : "Badhe tindak pundi, Mbah. Kok mboten dititihi sepedhahipun?" Pitakonku alak athung.

Mbah Paidi : "Ora nengdi ndi. Ngetutne karepe ati".

Aku : "Kendel rumiyin. Mangga pinarak ngemper mriko rumiyin. Kersanipun dipun damelaken wedang kopi kaliyan nyonyah." Aku karo nduding papan emperanku kang ana kursi mejane.

Mbah Paidi : "Hyoh..! " Mbah Paidi mlampah nuju papan kang tak duding, sakwise njagang sepedhahe.
Sakwise Mbah Paidi lenggah, aku nyeluk nyonya supaya nggaweake wedang kopi rong gelas. Mbah Paidi ngetokake slepenne, njur kaya biasane nglinting rokok sing gedhene kira-kira sak jempolan sikil.
Sakwise lenggah sauntara, aku ngucap kanggo mbukak omongan.

Aku : "Nganu, Mbah. Badhe nyuwun pursa".

Mbah Paidi panggah ndingkluk ngematake lintingane kang durung dadi, karo mesem.

Mbah Paidi : "Opo..? "
Njawab ngono iku, eseme Mbah Paidi malah mbukak luwih ombo. Semu rada ana suasanane ngenyek.

Aku : "E..., nganu Mbah.... "
Durung rampung anggenku arep matur, Mbah Paidi wis nyelo.

Mbah Paidi : "Arep nakokake pitakone kancamu wedok ye. Apa kancamu lanang?
Kancamu sakloron iku sakjane wis padha anduweni jawabane dhewe neng pribadhine, miturut akal pikire dhewe. Sliramu iku semu di tes. Dicoba kawruhmu. Ning sliramu hora rumangsa. Bab bid'ah, bab kafir, lan bab piye anggene arep nglalekake dendam? He.. hee.. hee. Mbahe paring dhawuh marang sliramu iku, miturut panemune lan apa kang dipahamne Allah marang mbahe. Sak gadhuge mbahe.  Hla kowe dituturi mbahe, malah mok sebar-sebarne lewat facebook, whatsapp lan liyo-liyane. Dudu ngono iku karepku, Le. Dhawuhe Mbahe ki lakonana. Aja malah disebar-sebarake. Yen ora ngati-ati anggonmu ngomongne, anggomu nyebarake, neng atimu iso kelebon ujub lan riya' lo, Le. Bar wis. Ora oleh apa-apa, Kowe. Senadyan maksudmu ki, aku diparingi ngerti dhening Allah. Maksudmu ki lek arep nyebarake keapikan, arep nyebarake piwulang luhur to. Ning yen ora ati-ati anggonmu olah rasa, iso bar kowe, Le. Gak oleh apa-apa."

Aku sing maune arep takon rena-rena, malih blangkemen yen wis ngene iki. Mbah Paidi wis "ngudani" aku isuk iki. Hadhah..

Wis kemlunthon, aku ndhingkluk wae. Ora wani nyawang netrane Mbah Paidi. Mbah Paidi nerusake dhawuhe.

Mbah Paidi : "Sing penting iku, aja sampek nyekutokake Gusti Allah. Iku pesenku, Le. Saiki iki akeh wong kang ora nyembah berhala, ora nyembah watu, lan sapiturute. Yo Islam arane. Yo sholat lan puasa wujude, ning sakjane sik ngandhut syirik ana njero atine."

Aku : "riya', Mbah? "

Mbah Paidi : " Dudu. Dudu riya'. Riya' iku wis konangan dhening manungsa kang tansah curiga karo nafsune. Iki iblis nggawe cara liya maneh."

Aku : "Napa niku, Mbah?" pikiranku bingung semu penasaran. Pengin ndang ruh jawabane Mbah Paidi. Mbah Paidi unjal ambegan landhung lan nyebulake alon-alon ambegan sing disedor jero mau bareng karo kebul rokoke.

Mbah Paidi : "Iku lo, Le. Neng njero atine wong sing padha ngaku Islam, ngaku pasrah marang Allah, kok sik akeh kang padha nyekutokake Gusti Allah karana ora nyadhari, ora teliti. Lahire, ragane wis padha numindakake syariat agama Islam. Yo padha sholat, yo padha pasa, yo padha ngaji, yo haji, yo padha wirid lan liya-liyane. Ning mung lahire, tapi mbesuk sing dinilai Gusti Allah kan atine to,  Le. Takwane. Rasane. Lan sapiturute, to ?"

Aku: "Enggih, Mbah! "

Mbah Paidi : "Hla yo kuwi. Saiki akeh wong kang meneng-meneng padha nyekutokake Gusti Allah neng njero atine. Iblis ngaling-ngalingi kelakuane ati iku mau kanthi aluuuuus sehingga ora krasa."

Aku : "Napa niku, Mbah?" pitakonku saya penasaran.
Mbah Paidi meneng rada suwe. Marai aku saya penasaran. Karo nyowang-nyawang aku, kaya-kaya nembus jiwaku.

Mbah Paidi : "Conto wae yo, le!"

Aku : "Enggih, Mbah!" jawabku selak penasaran.

Mbah Paidi : "Siji, wis dimirengne Allah suara adzan ing kupinge manungsa, ditimbali supaya ngadhep Gusti Allah, sholat,  la kok sik disemayani. Disekutokake, dibotne sing sak liyane Allah. Isih abot Tivine, hp ne, rapate, olah ragane, kancane, neng sawahe, neng blumbange, manjinge lan liya-liyane.
Loro, wong sik akeh kang padha wedi marang liyane Allah. Marang Allah mung ethok-ethok wedi. Ora wedi tenan. Contone, yen ngelikake pejabat, lurahe, kekasihe, atasane, bupatine, gubernure, presidene, juragane, bos e, lan liyo-liyane padha ora wani. Padha wedi. Padha jirih. Padhahal Allah dhawuh 'Wattawa shaubil haq, watawa shaubi sobr'. Njur ethok-ethok ora ngerti. Wegah terlibat. Wegah nyampuri urusane wong liya alasane. Padhahal iku mung gawe ndelik. Lan Allah pirsa atine uwong. Telu, padha mbela golongane, padha mbela keluargane, padha mbelani kerabate, padha mbelo kepentingane dhewe-dhewe. Senajan to iku kurang pener mungguhing Gusti, njur dibener-benerake kanthi alasan-alasan sing digawe-gawe. Digolekne dhasar-dhasar hukume dimen ketoke pener,  dimen yen dioleh-olehi wong utawa golongan liya, kaya-kaya masuk akal lan pener. Allah ora tau sare,  Le. Allah mirsani marang atine, Le.
Papat, olehe sholat, olehe pasa, olehe wiridan yen dimat-matne tenanan, ora tulus karana ngabekti, pasrah, karana Allah thok. Ning Allah mung ginawe pancatan ben Allah kerso paring ayem, kersa paring tentrem, kersa paring sakti, kersa paring lancar usahane, kersa paring lancar rizekine, kersa paring surgane, kersa ngabulake apa kekarepane, lan liyo-liyane. Sholate, pasane, wiride lan liyo-liyane sing titipane Allah, njur diaku,  digawe alat nagih janjine Allah. Ora kanggo ngabektekne, urip lan raga paringane Allah mau, kanggo ngabekti lan nglaksanake apa kang diperintahne Allah lan ora nglakoni apa kang ora disenengi Allah. Iki malah ana kang nggawe cara dhewe. Malah arep padha nagih Allah karo ngamal sing diparingi Allah kanggo butuhe dhewe. Hmm..... Keblinger.
Limo,..... "

Mbah Paidi Mendel suwe. Nyawangi aku maneh, njur ora nutugne dhawuhe. Mara ngadeg mak nyat pamitan.

Mbah Paidi : "Wis, le. Aku kon nerusne lakonku"

Aku : "Kok kesesa, Mbah. Ingkang nomor lima wau napa, Mbah?"

Mbah Paidi : "Wis, cukup dhisik. Dandanana atimu dhisik ben ora kelebon syirik kaya iku mau. Wis cukup dhisik. Asalamu ngalaikum."
Ngendika ngono mau Mbah Paidi karo ngethungne astane, ngajak salaman.

MBAH PAIDI MEJANG BAB SHOLAT

Mari ngisakan dina iki mau aku langsung marung golek kopi neng warunge mbah Ngatiyem. Dudu masalah kopine sing enak, tapi sakjane mung arep nunut WiFi-an. Wong kopine sak gelas yo mung rong ewu. Ning lingguhe sampek sak jam punjul. Paling tambah gedhang goreng loro utawa tahu tempe goreng, kanggo ben pantes nggandhengi kopi.
Wengi iki lungguhku sengaja ndewe neng ngisor wit seri biasane. Pancen tak sengaja, kareben iso mbukaki facebook ku sing wis suwe ora tak bukak. Lagi asyik-asyike ndingkluk mbukak HP, ana suara teka sisih kiwoku.

Mbah Paidi : "Wong kon akeh-akeh tafakur kok malah asyik mbukaki HP to, Le, Yen mung ngono kuwi, kapan kon isa 'pinter' neng ngarsani Gusti? "
Mak dhek. Aku kenal banget suara iki. Kalem, rada serak, lan intonasine wong sareh.

Aku: "Eh, mbah Paidi. He.. he.., nembe badhe ngendhangi facebook, Mbah. Dangu mboten kula bukak. Wo inggih, Mbah bab ingkang nomor gangsal kala winginane nika punapa, Mbah?"

Mbah Paidi : " Wis ora usah dibahas dhisik. Ora usah jero-jero mbahas masalah. Wong sholatmu wae sik durung pener ngono kok."

Aku : " Hlo, salahe sholat kula teng pundi, Mbah. Rumaos kula sampun tertib. Nggih asring jama'ah dhateng masjid kaliyan njenengan. Rumaos kula nggih sampun cocok kaliyan tuntunan sholat ingkang kula waos lan tuntunan saking conto-conto sholat ingkang saking video youtube. Menawi masalah khilafiah utawi perbedaan niku kan benten to, Mbah. Wonten sing khunut wonten sing mboten. Wonten sing ndamel sayidina lan wonten sing mboten. Wong niku sanes rukun sholat mawon kok. Dados mboten kula perhatosaken. Kadhang kula nggih khunut kadang nggih mboten. Kadhang kula taraweh sewelas rokaat ning nggih asring tiga likur. Salahe teng pundi, Mbah? "
Mbuh aku kok nrocos wae iki mau piye. Guoblok aku. Wayahe lak yo langsung takon mbah Paidi wae, piye sing pener menurut mbah paidi. Gobloooook aku. Getun aku bar ngucap. Hmm..

Mbah Paidi ora langsung sumaur, ning rada suwi anggone nyedhoti rokok lintingane. Mbuh pirang akepan mau, wis ora kaetung.

Mbah Paidi : "Iya, olah ragamu wis pener. Wacanmu yo wis pener. Arah kiblat ragamu yo wis pener. Tapi sholat kuwi apa?  Olah raga apa olah rasa. Tak takoni jal?"

Aku meneng wae, ora njawab. Mung saya ndhingkluk malahan. Amarga rumangsa salah. Rumangsa wis ora duwe sopan santun pas matur neng ngarep mau.

Mbah Paidi : "Hla yo, bakune sholat kuwi lek olah rasa To, Le?  Yen ragane, sholat iku sakmampune, sesuai karo kondhisi fisikke. Yen lara lan ora mampu ngadeg, oleh sholat kanthi turu, lungguh, lan sapiturute. Kuwi olahe raga. Sholate raga.  Kuwi mau sholate raga wadhagmu, hla sholate rasa,  sholate sliramu sing asli?"

Aku sansaya ndhingkluk ora kumecap.

Mbah Paidi : "Raga wadhagmu panganane saben waktu ora telat anggonmu menehi panganan, ora lat anggonmu macaki, sing mok dus, mok wenehi minyak wangi, mok klambeni sing pantes lan sapiturute. Kuwi raga wadhagmu. Hla sliramu? 'Sliramu' sing sejati mok kon pasaaa terus.  Ora tahu mok pakan wareg. Hla padhahal sliramu sing sejati, sing bakal nerusne lakon nganti alam akhirat kang langgeng tanpa winates wektu, urip selawase iku malah mok kiwa, ora ketengen, kepara malah mok jarne wae. Padhahal pakane 'sliramu' sing asli kuwi yo mung ngabektine uripmu marang sing nggawe urip. Ora mung ngabektine raga wadhagmu, sing kanggo alat urip ana donya, iki thok. Yo kudu saklorone. Lahir kalawan batin. Raga wadhagmu lan sliramu. Loro-lorone atunggal. Mok batin thok yo salah,  wong sliramu isih dititipi raga wadhag dhening Allah lan sliramu isik urip ana alam donya. Mok lakoni lahir thok yo salah, kuwi jenenge kopong, suwung, munafik, lan sapiturute.

Yen mung raga wadhagmu iku thok sing mok gulawentah, lan uripmu ora mok rumat, yen nganti 'sliramu' sing sejati, tinimbalan dhening Gusti, paling karo ahli warismu lan tangga-tanggamu raga wadhakmu mesti bakal diguwak, dikubur. Emoh sinandhing raga wadhagmu maneh, amarga sliramu wis ora ana. Wis ngalih alam. Opo ora ngono to, Le? "

(Aku panggah ora sumaur. Mundhak ndingkluuuk.)

Mbah Paidi : "Sholatmu iku sing sak suwene iki sing ngadhep Allah sik akeh wadhagmu thok, Le. "Sliramu" sing asli sik durung pati ngadhep marang Allah. Hla wong wudumu wae sik durung pener, apa maneh sholatmu. 'Mlebune' utawa pelawangane marang kahanan alame sholat iku intine ana marang takbirotul ikrom. Allaaaahu Akbar. Dihayati sing tenanan yen sliramu arep tinimbalan ngadhep marang Allah. Arep diduduhi, arep diparingi pirsa dhening Allah. arep dikenalne marang  keagungan Allah. Sing maringi pirsa sapa?  Ya,  Allah piyambak.  Awakmu ditimbali, diutus ngadhep. Mangka ngadhepa. 'Sliramu' sing asli. Dudu mung raga wadhagmu. Ning 'sliramu' sing asli. Raga wadhagmu mung ngeterne. Mung ngetutne sliramu sing asli. Raga wadhagmu madhep kiblat, kakbah. Ning sliramu sing asli, yo kowe kuwi sing bakal nerusne urip neng alam kelanggengan, kudu madhep marang Allah. Syirik kowe, Le, lek kowe sing asli yo melu madhep kakbah. Kakbah iku mung watu. Banjur raga wadhagmu maca al fatihah. Hla al fatihah iku sing nyipta sapa? Allah kan.? Raga wadhagmu mung ngonekne apa ciptaane Allah. Nah, sliramu sing asli kudhune 'nyekseni' kanthi tulus, hening, lan ora kesusu ngalih. Sing anteng. Madhep mantep marang Allah. Sliramu arep diparingi pirsa dhening Allah, yen Allah iku Maha terpuji, Maha Welas Asih, Nguasani bumi lan langit sak isine pisan plus nguasani akhirate. Mangka manungsa, maranga Allah thok anggonmu nyembah, anggomnu pasrah, lan mung marang Allah wae anggemu nyuwun pitulungan, masrahne sak kabehe kekarepan lan sak teruse kaya apa kang mok unekne pas sholat. Allahu Akbarmu aja mok pedhot. Langgengna kesadaranmu yen Allah ki Akbar ing sajroning apa wae ing ndalem sholat. Apa wae sing mok unekne lan apa wae sing diobahne raga wadhagmu neng sajroning sholat iku sejatine keagungane Allah.

Sajroning sholat mau sing ana mung sifat terpujine Allah. Kabeh wae. Allah mung arep maringi pirsa, yen Allah iku ngono iku. Agung, Allah iku Maha Suci, Maha mirengaken, lan Maha sakkabehane. Njur yen wis lengkap anggenmu diparingi pirsa tentang keagungan Allah mulai awal takbirotul ikrom sampek akhir, trus raga wadhagmu lungguh neng bumi karo matur marang Allah, nggih Gusti kawula nyekseni, ashadu, yen mboten wonten sinten-sinten kejawi namung Panjenengan lan kula nyekseni kanthi saestu bilih Nabi Muhammad niku utusan Panjenengan, pramila Panjenengan paringi rahmat lan keslametan dhateng Nabi Muhammad dalah keluarganipun, dalah pengikutipun sedaya, kados dene ingkang sampun Panjenengan paringaken dhateng Nabi Ibrahim lan keluarganipun lan sakteruse. Allahu Akbarmu aja mok pedhot. Panggah langgengna mapan neng angen-angenmu. Yen wis ngono nyuwuna marang Gusti Allah, mugi-mugi keslametan ugi tansah pinaringan dhateng umat ingkang wonten sekitar kawula. Sekitar iku maksude bumi. Ingkang manggen wonten sisih tengen kula, sak dawane alam, lan ingkang mapan wonten sisih kiwa kula, yo sak ambane jagad gumelar. Yo salam kae. Wis slulupana sholatmu.
Iku mung sak cuplik. Asline luwih jeruuu maneh. Wis assalamu ngalakum.

Aku wis ora perhatian maneh karo Mbah Paidi. Angen-angenku mbuh nengdi saiki. Bahkan aku ora sempat nyauri salame Mbah Paidi